Rabu, 01 Mei 2013

Lelakon Iki


Wengi katon ngetokake eseme
Sanadyan..
sesawangan wis ora katon maneh.


Hawa adhem ngresep tekan igaku.
Nanging,,sumebaring lintang kuwi
nambahi tentreme atiku.

Nadyan atiku iki wis ora kuwawa ngampet.
nanging aku ing kene,
tansah setya ngenteni.

Lunga teka dina kang nyata,
mung sepi sing tak rasa.

Aku percaya marang Gusti kang Maha Kuwasa,
awit aku bisa ngliwati lelakon iki.
ora lali kanthi usaha lan donga.

^^

                              Wiwit Sulistyani
                        

Tidak ada komentar:

Posting Komentar