Sabtu, 01 Juni 2013
11 Januari
Swara tembang iki
tansah ngalun-alun ing kupingku.
Isining ngelingake aku marang sliramu,
nalika sliramu nate ngiseni atiku.
11 Januari …
Dina iki sing dadi seksi
nalika awake dhewe miwiti ngronce asmara.
Seneng lan susah bakal dilakoni wong loro,
kuwi sing metu saka ati nalika semana.
Nanging kahanan ora marengake,
lagi sapucuk kuku awakke dhewe ngronce asmara iki,
rubeda tansah teka lunga.
Lan ing pungkasan,
kapeksa awakke dhewe kudu pisah.
Sanadyan awakke dhewe ora bisa dadi siji
lan ora bisa reruntungan bareng.
Nanging aku percaya,
awit Gusti bakal paring gantine.
Wiwit Sulistyani
Langganan:
Posting Komentar (Atom)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar